Minggu, 31 Agustus 2025

Bahan Panyuraosing Kitab Suci, Minggu I, Januari 2021

Waosan Leksionari: Yeremia 31:7-14; Jabur 147:12-20; Efesus 1:3-14; Yokanan 1:1-18 

Waosan PA: Yokanan 1:1-18

Jejer: KULA PUTRANIPUN ALLAH

Ancas: Pasamuwan saged njagi jatining dhiri minangka putranipun Allah

Metode: Pirembagan


ANDHARAN

Injil Yokanan 1:1-18 saged kaperang dados 2 (kalih) perangan. Perangan ka-pisan, ayat 1-9, nyariosaken bab “Keillahianipun Sang Kristus”, lan perangan ka-kalih, ayat 10-18 nyariosaken bab “Kamanungsanipun Sang Kristus”. Supados kita langkung mangertos bab “Keillahian lan Kamanungsanipun Sang Kristus”, sumangga kita onceki perangan-perangan punika setunggal mbaka setunggal.

1.       Keillahianipun Sang Kristus.

Wonten ing ayat 1, Rasul Yokanan paring paseksi : “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.” Paseksi ingkang kados makaten badhe nerangkan bab “wekdal kelanggenganipun Gusti Allah”. Katerangan bab “wekdal kelanggenganipun Gusti Allah”  ing ngriki asipat figuratif, (sanepan/kiasan), awit Gusti Allah punika boten kagungan lan kawatesan ing wekdal. Gusti Allah punika nglangkungi wekdal. Panjenenganipun boten kawiwitan lan boten kapungkasan. Wonten ing kelanggenganipun, Gusti Allah punika nyawiji lan silih asih wonten ing patunggilanipun Sang Rama – Sang Sabda lan Sang Roh Suci.

Wonten ing perangan punika, Sang Sabda, inggih sebutan kagem Gusti Yesus, miyos saking Sang Rama. Makaten ugi Sang Roh Suci ugi miyos saking Sang Rama. Kanthi makaten, Sang Rama, ing salebeting kalanggenganipun miyosaken Sang Sabda lan Sang Roh Suci. Sinaosa makaten, Sang Sabda lan Sang Roh Suci ingkang miyosipun saking Sang Rama drajatipun boten langkung asor, awit tetiganipun ingkang nyatunggil sampun wonten ing kalanggenganipun, boten kapisahaken ing laminipun wekdal (interval waktu). Ingkang miyos saking Gusti Allah punika sami utawi sehakekat wonten ing “Ke-Allah-anipun” utawi “Keillahianipun”. Mila boten saged menawi ingkang miyos saking Sang Rama kasebut “MAHLUK”. Awit, ingkang sinebut “mahluk” punika namung titah sawantah, ingkang asipat fana utawi boten langgeng. Kamangka Sang Sabda punika langgeng lan sami utawi sehakekat kaliyan Sang Rama. Mila saking punika, ing Yokanan 8:58, Gusti Yesus ngendika makaten : “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”

Cekakipun, ing Injil Yokanan 1:1 badhe mratelakaken bab praeksistensi-pun[1]  Gusti Yesus saderengipun manjalma dados manungsa lan “keillahianipun” Gusti Yesus ingkang langgeng kaliyan Sang Rama lan Sang Roh Suci.

Katerangan bilih Sang Sabda lan Sang Roh Suci miyos saking Sang Rama ing salebeting kelanggenganipun Allah dados prinsip teologis Kristen bilih Gusti Allah punika asipat “wadi” utawi “misteri”, satemah nglangkungi wewatesan nalar-budinipun manungsa (transenden). Tembung “misteri” kedadosanipun saking tembung Yunani “musterion” ingkang ngemu teges “kakunci saking nglebet”. Menawi Gusti Allah boten marengaken kabuka, mila boten wonten tiyang setunggal menapa ingkang saged mbikak. Ing ngriki dados cetha, bilih tanggepanipun manungsa ing salebetipun mangertosi sesambetan ing antawisipun Sang Rama, Sang Sabda lan Sang Roh Suci, boten nggadhahi ancas kangge mbikak “wadosipun Allah” (misteri illahi) kados ingkang sampun kasebutaken ing ngajeng, nanging namung mitadosi kanthi raos eram (takjub) bab sihipun Gusti Allah ingkang kebabar ing “Ke-Tritunggal-anipun”.

Sesambetan ing antawisipun Sang Rama, Sang Sabda lan Sang Roh Suci, inggih punika sesambetan ing sih ingkang nitahaken. Yokanan 1:3 mratelakaken “Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda.” Saking pangandika punika cetha sanget bilih jagad lan saisenipun katitahaken dening Sang Sabda. Nanging, ing Purwaning Dumadi 1:1 kapangandikaken bilih Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Ingkang leres punika sinten ingkang nitahaken; Gusti Allah menapa Sang Sabda?

Kados ingkang sampun katerangaken ing ngajeng, bilih Sang Rama, Sang Sabda lan Sang Roh Suci punika sampun wonten wiwit kelanggenganipun lan nyatunggal, mila pakaryan nitahaken jagad raya lan saisenipun mujudaken pakaryanipun Gusti Allah ingkang Trinitarian (Tritunggal). Gusti Allah, lumantar Sang Sabda lan Sang Roh Suci-nipun ingkang nitahaken langit lan bumi (PD.1:1-2). Secara mirunggan, Sang Sabda punika Sabdanipun Allah ingkang ”kreatif”. Gusti Allah ngendika “Anaa” mila saestu “wonten” (kun fayakun). Kamirungganipun Sang Sabda ingkang nitahaken (berdaya-cipta) kasebutaken ing serat Ibrani 11:3 “Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng”. Sang Sabda ingkang kagungan panguwaos nitahaken punika wau salajengipun manjalma (berinkarnasi) dados manungsa ing pribadinipun Yesus Kristus. Mila Ibrani 1:2 nyebutaken makaten “ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar”. Kanthi makaten, wonten ing prastawa Inkarnasi (manjalma) Sang Karistus, Sabdanipun Allah ingkang ilahi lan langgeng lumebet ing kasunyatan kamanungsanipun ingkang winates.

Wonten ing perangan punika, Gusti Yesus, inggih Sang Sabda, dipun sebut “Pepadhanging Jagad”. Panyebutan punika mratelakaken bab panguwaosipun Gusti Yesus minangka Tuk-ing gesang. Awit, tanpa pepadhang, boten wonten gesang, lan tanpa pepadhang, ingkang gesang badhe nemahi pejah. Gusti Yesus punika Tuk ing gesangipun manungsa.

2.       Kamanungsanipun Sang Kristus

Menawi ing ayat 1-9 Rasul Yokanan nengenaken bab keilahianipun Sang Kristus, wonten ing ayat 10-18 Rasul Yokanan nengenaken bab kamanungsanipun Sang Kristus. Ayat 10-13 dipun cariyosaken bilih Sang Pepadhang sampun waonten ing jagad, nanging jagad boten wanuh kaliyan panejenenganipun. Nanging sok sintena kemawon ingkang purun nampi panjenenganipun badhe pinaringan wewenang dados putranipun Allah.

Ngrembag bab “Putranipun Allah”, Sang Sabda ingkang miyos saking Sang Rama ing ayat 14 dipunsebut “Putrane ontang-anting Sang Rama”. Panyebutan “Putrane ontang-anting Sang Rama” ing ngriki pinangkanipun sanes saking pengakenipun manungsa, nanging mujudaken “hakekat illahi” ingkang sampun dados kagunganipun Gusti Yesus pribadi wiwit kelanggenganipun, awit inggih namung panjenenganipun piyambak ingkang miyos saking Sang Rama. Cobi panjenengan bandingaken kaliyan paseksinipun Mateus ing Mateus 11:27 punika: Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.” Panyebutan “Putrane ontang-anting Sang Rama” ugi mratelakaken bilih Gusti Yesus punika mujudaken inkarnasi (panjalma) Sabdanipun Allah, kagungan sesambetan ingkang celak sanget (intim) kaliyan Sang Rama. Mila saking punika, wonten ing Yokanan 10:30, Gusti Yesus ngunandika; “Aku lan Sang Rama iku siji.” Tembung “siji” ing ngriki nedahaken ing bab patunggilanipun Gusti Allah lan Gusti Yesus ingkang eksklusif, ingkang mirunggan, ingkang kebak ing sih lan intim (caket sanget).

Saking paseksinipun Rasul yokanan, ugi para Rasul sanesipun, Gusti Yesus punika pancen manjalma dados manungsa ingkang sejati. Minangka manungsa ingkang sejati, Gusti Yesus ugi saged ngraosaken menapa ingkang dipun raosaken dening manungsa salimrahipun. Contonipun, Gusti Yesus saged ngraosaken sayah (Yok.4:6), ngelak (Yok.4:7,19:28), ngersakaken dhahar (Yok.4:31-34), muwun (Yok.11:35), Trenyuh ing penggalih (Yok.12:27, 13:21), raos tresna (Yok.11:5), rempu ing ing penggalih (Yok.11:33), lsp. Langkung gamblang malih ing serat Ibrani 4:15 dipun sebutaken “Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.”

Mila saking punika, katerangan “Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita”, nandhesaken bilih ing Sang Kristus, Gusti Allah yasa pamarintahanipun ing satenghing gesang lan sujarahipun manungsa. Kratoning Allah ingkang swaunipun transenden (boten saged kagayuh) lan asipat sorgawi, samangke sampun tumedhak (imanen) lan mawujud ing Sang Kristus lan gesang nyata kaliyan manungsa ing gesang sadinten-dinten. Mila saking punika, sok sintena kemawon ingkang gesang ing patunggilanipun Sang Kristus, badhe nyumurupi kamulyan lan panguwaosipun Sang kristus saha badhe pinaringan gesang langgeng ing salami-laminipun. Amin.


POKOK PIREMBAGAN :

  1. Miturut pemanggih panjenengan, kalenggahanipun Sang Rama, Sang Sabda lan Sang Roh Suci punika sami menapa boten? Cobi panjenengan paringi katerangan sawetawis!
  2. Wonten ing ayat 11 dipun sebutaken bilih rawuhipun Gusti Yesus murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani. Para kagungane ingkang boten purun nampi Gusti Yesus punika sinten?
  3. Wonten ing ayat 12, sok sintena kemawon ingkang nampi Gusti Yesus badhe pinaringan wewenang dados putranipun Allah. Menapa ingkang kedah kita lampahi kangge njagi jati dhiri kita minangka putranipun Allah?






[1] Praeksistensi tegesipun kawontenan saderengipun kedadosan

0 komentar:

Posting Komentar

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More